

Wreksa iku uwit gedhe. Lumrah sinebut kayu, utawa kayon, sinambungake karo kayon utawa gunungan ing wayang purwa. Tumrap para kawula tani kaya ing Gunungkidul kene, sawijining wewengkon ana kang dimungguhi wreksa-wreksa agung, dene wreksa-wreksa iki gayut karo mulabuka dhusun utawa dhesa lan cikal-bakal utawa cakal-bakal kang ing purwakala babad alas mangun adeging kulawangsa utawa kulawarga. Wreksa kang mangkene iki lumrah katengeran “wreksan” utawa ing pacelathon padinan karan “resan”. Wreksa-wreksan ana kang mungguh ing madyaning dhusun utawa desa, ana kang nglungguhi sawijining sumber banyu kepara mijilake banyu-warih lan maneka tenger sumber banyu kayata tuk, beji, sendhang, mudal, umbul, bandhung, lan liya-liyane, ana kang mapan ing punthuk cempluk utawa giri, ana uga kang ngenggoni pinggir kali. Wreksa-wreksan wigati banget tumrap para kulawarga ing dhusun-desa. Wreksa-wreksan cinipta dening Gusti Pangheran dumadi pralambang tumrap manungsa, ngemu wewarah utama. Ing jagad mlaha, anane wreksa utawa uwit ngayomi lan ngesuhi pra kulawarga, mahanani subur makmur kang sarwa tinandur.


Kanggo ngurmati lan mulyakake wreksa-wreksan pra kulawarga caos klambu utawa klambi arupa mori. Wreksa-wreksan kagedhong dening mori. Gedhong mori ing angganing wreksa-wreksan karan langse. Langse putih/pethak wernane, pralambang kasucen. Langse minangka geber, utawa tabir, utawa singeb, wates antaraning dilah utawa cahya sumunar sajroning wreksa-wreksan. Langse dadi ageman kang aji tumrap wreksa-wreksan, lir aji-aji. Ing sawijining ari suci, binareng kutuging menyan lan pandonga panyuwunan marang Gusti pangheran supaya marabaya sumingkir lan bilai padha nyimpang, langse kagedhongake ing angganing wreksa-wreksan. Langse lan wreksa nyawiji. Wilujeng-slamet prapta.



Tembang Pangkur
Pusa puna pralampita,
wêwarahnya ki tuwa tuwas jati,
sinêngkêr wrêksa Hyang Agung,
pinuja lan pinundhi,
mrih raharja subur makmur kang tinandur,
myang mungguh pribuminira,
kalangséa wrêksanèki.
Tembang Pangkur indah sebagai perlambangan,
petuah tetua sejati,
disembunyikan pada wujud pohon besar karya Tuhan,
dihormati dan ditinggikan,
agar sejahtera subur makmur segala yang ditanam,
bagi yang hidup di sekitar bumi sini,
busanai dan jagailah pepohonanmu.
Langsé klambu tumrap wrêksa,
pan anggané kagêdhongan kalyan mori,
amangun palakrama gung,
kawara kawiwaha,
jêjaluné kaêmbanan sipat wadu,
nyawiji ing awak wrêksa,
mijilaké banyu warih.
Langse itu penutup pada pohon,
tubuh pohon dibalut kain mori,
membentuk perkawinan agung,
disatukan dalam pesta pawiwahan,
sifat lelaki telah terwadahi sifat perempuan,
dalam diri kayu keduanya menyatu,
melahirkan air warih (air akar pohon).
Gubah putih wujudira,
adi klambi minangka gêbêr tabir,
yaiku badan atutup,
rinêngga rinumpaka,
sarwa pêthak pun warnanya sinalimut,
singêb mori liron dilah,
téjaning wrêksa ngabyori.
Langse putih wujudnya,
busana utama sebagai tabir,
yaitu adanya tutup bagi badan,
dipajang dipasang,
diselimuti warna serba putih,
selimut mori lambang keterangan dan kecerahan,
sorot pohon menerangi.
Tumama ing para wrêksa
tinangkêban tabir tundha roro-ji
rinangkêp gubah umangsuk
ginathuk mathuk samya
amrih murih lêstarine ngèlmu luhur
kinêmbangan pun hèrnawa
lêlangsé agêman aji.
Melekat pada para pohon,
tertutup tabir bersusun dua menyatu,
gubah rangkap masuk,
bertemu dan cocok,
demi kelestarian ilmu luhur,
dihiasi hakekat air di kedalamannya,
langse adalah pakaian sang utama.
Dupa ngutug andêdonga,
Marabaya suminggaha sumisih,
Sumingkir mulanya ruhun,
Rahayu paringana,
Blai nyimpang palang mala dimèn mungkur,
Waliké hanacaraka,
Wrêksa langsé wus nyawiji.
Dupa mengepul merapalkan doa,
mara bahaya menyingkirlah,
menyingkir ke asal-muasalnya dulu,
karuniailah keselamatan dan kesejahteraan,
petaka menyimpang dari penghalang agar pergi,
kebalikannya hanacaraka,
pohon dan langse telah menyatu.
Rah-hayu!

Seorang yang menyukai kebudayaan tani namun tak bisa melakoni.
Oleh: Parinem