
Ing purwaning kandha, sawijining pala (woh) kaandhut ing udara utawa wetenging bantala, iya kisma utawa bumi (lebu semi), lir mas-masan kang kumambang, tinali klawan pusering ibu. Si Pala banjur umijil, ngereh rumaja gambuh diwasa. Nggembol smara ing anggane, si pala nindakake dhaup ageng, swasana manis arum, yeku palakrama klawan gregeding lemah lan dayane Hyang Surya, nglairake palabumi awujud uwoh. Pala utawa uwoh manjalma winih utawa wiji, wijining palabumi (palawiji, palawija, palapendhem, palasampar, palagantung, pala(h)usada, palakirna,…), katandur-katanem rikala palakramaning jagad kang ndhandhanggula.


Winih-wijining manungsa semono uga. Nuju palakramaning jagad jalu-estri winih-wiji katandur-katanem ing omah karan udara (weteng). Kadayan gregeding ngaurip, kagedhongi dening erah lan banyu kawah, katalenan ing puser, karowangan pun ari-ari, winih-wiji umijil ing alam donya. Kaembanan ing sipat banyu, lemah, geni, lan angin winih-wijining manungsa tuwuh ngrembaka, nggegawa asmaraning bantala. Manungsa jalu-estri mahargya palakrama ngomah-omahi pala.

Mangkono jantrane omah-omah yekti. Sarana turune winih-wiji, tumangkaring wos-palaning jagad. Para pala (manungsa) nedya anggayuh bagya-mulya ayem-tentrem salaminya.
Dhandhanggula
Manis arum sinawung langên sri,
amêmangun asmaraning pala,
andum asih ing Dalêmé,
mahargya pala kumpul,
rwapala wus winayang ing sih,
sihing pun Ibunira,
kinarya awangsul,
lêbar tumuwuh ing lêmah,
paranira iku marak Omah yêkti,
pun wiji kalairna.
Manis-harum tertelusup dalam keindahan bahasa,
membangun perkawinan para pala (manusia),
saling berbagi kasih di rumahnya (tiruan Jagad Raya),
merayakan manusia yang menyatu,
dua manusia telah digerakkan oleh kasih,
kasih-sayang Ibu Buminya,
(lantas) dibawa pulang (ke rumah itu)
purna tumbuh di tetanah,
tujuan mereka tiada lain ya menuju Rumah Tangga Alam Raya,
benih-biji (pala;manusia) lahirkanlah.
Omah-omah mindha giri yekti,
wêwangunan pan dinama-dama,
mangun adêg lan jêjêgé,
blandar usuk rèng suku,
dhasarané baturing dhiri,
iku jatining griya,
karya janma tuhu,
têtironing gunung griya,
giri griya pantës kisèn niyat jati,
manjingé kulawarga.
Bangunan rumah tangga itu serupa bentuk gunung,
bangunan indah yang dijaga dirawat,
menciptakan kuat-kokohnya,
blandar, usuk, reng, dan kakinya,
fondamennya adalah dasaran diri,
itu sejatinya gunung diri,
karya manusia sungguh,
rumah (berumah tangga) itu tiruan gunung,
gunung-rumah pantas diisi niat sejati,
perwujudan keluarga.
Iya iku dèn kawikan kaki,
palakrama dadi sangkanira,
mlêbu blêdhêng ing Dalêmé,
pala kang mangsuk iku,
pan sinêdya nurunké wiji,
dadya pra putra pana,
kêkaroné rukun,
tukar padu tan ana,
bagya-mulya ayêm-têntrêm andum asih,
tumêkèng salaminya.
Iya itu hendaknya diketahui olehmu,
berumahtangga jadi muasalnya,
masuk ke dalamnya tanpa rintangan,
manusia yang masuk ke dalamnya itu,
memang bermaksud menurunkan biji/benih kehidupan,
menjelma para anak yang berpengetahuan,
keduanya rukun,
pertengkaran tiada,
bahagia mulia tenteram damai saling berbagi kasih,
Selama-lamanya.
Ya mangkéné palakrama yêkti,
jalu-èstri bakal awor-woran,
ngrasa bêtah ing gêsangé,
amêpêr hawa nêpsu,
lantarané mêncarké wiji,
ngulah balé somah,
amêmitran tuhu,
anggulawênthahi anak,
atêtulung sanak-kadangé dèn-udi,
ngabêkti Murbèng Gêsang.
Beginilah palakrama/perkawinan itu,
laki-perempuan akan menyatu-manunggal,
merasa nyaman-betah dalam hidupnya,
mengelola hawa nafsu,
(sebagai) sarana melahirkan biji (keturunan),
mengolah rumah tangga itu,
(seperti) berteman-berkawan,
mengasuh anak,
menolong sanak-saudara selalu diupayakan,
(inilah arti) berbakti kepada Yang Mencipta Hidup.
Lamun dadi garwa kang utami,
angupaya ayêm-têntrêm griya,
mahanani myang putrané,
cocoging manah iku,
marasêpuh dèn-bêktèni,
punjêring palakrama,
nggon-nya (a)smarabangun,
mindha apsari-apsara,
cumondhonging rasa Kirana-Panji,
nêngênké bêbudènnya.
Jika menjadi pasangan utama,
(selalu) mengupayakan kebahagiaan dan ketentraman rumah tangga,
Menguatkan anak-anaknya,
Selarasnya hati itu,
Mertua dibaktii,
Pusatnya palakrama/perkawinan,
(yaitu) bagaimana membangun rasa asah-asih-asuh,
serupa pasangan Apsari dan Apsara,
keselarasan rasa (antara) Dewi Candrakirana dan Panji Asmarabangun,
mengutaman budinya.
Si pawèstri ndayani si laki,
manjing alus aprang watak kasar,
bisa among jêjaluné,
têmah jatmika tulus,
panganggoné suci lan rêsik,
asung ganda angambar,
jumbuh bapa-biyung,
mijilké wiji janma,
ambumboni palawija-palawiji,
amomong para putra.
Si Perempuan menguatkan Si Lelaki,
menyatulah yang halus bergumul dengan watak kasar,
(sifat yang perempuan) bisa mengasuh sifat kelelakian,
akhirnya (memiliki) sifat tulus,
busananya pun kesucian dan kebersihan,
memendarkan bau wangi,
(yaitu) selarasnya sifat bapak dan sifat ibu,
melahirkan biji manusia (bakal kehidupan),
memberi cita-rasa padanya,
Mengasuhnya.
Pinangantyan srana turun wiji,
têmbayatan amêmangun Griya,
anumangkar wos jagadé,
ngudi widada iku,
atut rukun kinêmong ing sih,
asih sêngsêm trêsna,
lir sadulur ibu,
pantês dèn-sinudarsana,
tansah éling kasucèn lan pangabêkti,
amanggih swarga donya.
Perkawinan adalah sarana turunnya biji,
Bergotong royong membangun Rumah Tangga,
Menangkarkan benih jagad raya,
(hendak) meraih keselamatan ,
Saling rukun diasuh oleh kasih,
(saling) mengasihi menyukai menyintai,
bagai saudara seibu,
(yang seperti ini) pantas untuk dicontoh,
Selalu ingat kesucian dan bakti,
(niscaya akan) menemukan surga dunia.
Rah-hayu!
![]()
Seorang yang menyukai kebudayaan tani namun tak bisa melakoni.
Oleh: Parinem

