Posted inCerita foto
Dhandhanggula “Palakrama”
Ing purwaning kandha, sawijining pala (woh) kaandhut ing udara utawa wetenging bantala, iya kisma utawa bumi (lebu semi), lir mas-masan kang kumambang, tinali klawan pusering ibu. Si Pala banjur umijil, ngereh rumaja gambuh diwasa. Nggembol smara ing anggane, si pala nindakake dhaup ageng, swasana manis arum, yeku palakrama klawan gregeding lemah lan dayane Hyang Surya, nglairake palabumi awujud uwoh. Pala utawa uwoh manjalma winih utawa wiji, wijining palabumi (palawiji, palawija, palapendhem, palasampar, palagantung, pala(h)usada, palakirna,...), katandur-katanem rikala palakramaning jagad kang ndhandhanggula.