Wreksan lan Langse

Wreksan lan Langse

Wreksa iku uwit gedhe. Lumrah sinebut kayu, utawa kayon, sinambungake karo kayon utawa gunungan ing wayang purwa. Tumrap para kawula tani kaya ing Gunungkidul kene, sawijining wewengkon ana kang dimungguhi wreksa-wreksa agung, dene wreksa-wreksa iki gayut karo mulabuka dhusun utawa dhesa lan cikal-bakal utawa cakal-bakal kang ing purwakala babad alas mangun adeging kulawangsa utawa kulawarga. Wreksa kang mangkene iki lumrah katengeran “wreksan” utawa ing pacelathon padinan karan “resan”.