Among Tuwuh: Gladhèn Nyêkar Macapat

Among Tuwuh: Gladhèn Nyêkar Macapat

Bagikan ke :
Winih Markisa Bakal Katandur ing Pareden Karang kanggo Monyet Ekor Panjang

Punika dhiktat nyêkar Macapat cêkak-prasaja.  Punika inggih rêriptanipun pangripta piyambak, adhêdhasar (pa)ngrêtosan dhatêng sêkar lan laras-gêndhing namung saking mirêng gêthok-tular kémawon, saking sanak-sêdhèrèk ing Gunungkidul ingkang langkung pana babagan sêkar lan laras. Wondene têtêmbunganipun têbih saking adining sastra warisaning lêluwur ingkang lêrês-laras.

 

Wiji Klungsu (Asem)

Wontênipun dhiktat prasaja mênika nyariyosakên tetuwuhan saking rikalanipun singgang gung kang piniyara (ing wujud winih), satemah umijil, tumuwuh ngrêmbuyung, lan awoh. Sagedipun winih utawi wiji menika tumuwuh yen ta kadayan dening odara/udara, karasukan ing we/toya, kapadhangi déning agni/teja/sorot, sarta kaemong déning kisma/lemah. Lampahing manungsa semanten ugi, mindha lampahing winih-wiji kang tumuwuh. Pramila, salajengipun manungsa arsa nglampahi kridha among tuwuh nuladha kados déné Hyang Among Tuwuh ngesuhi lan ngasihi ingkang sarwa tumuwuh ing bumi.

Among Tuwuh Mbibit Munggur

Pun among tuwuh inggih tetiyang utawi saksintena ingkang ngasah, ngasih, lan ngasuh sawarnaning tetuwuhan. Sampun limrah kasebat mekaten sinaosa ingkang langkung trep inggih pamong tuwuh. Among tuwuh menika jatosipun dhapukan kriya. Among tuwuh nggambaraken tandang karya ngupakara winih-wiji lan tetuwuhan satemah mijil salwiring palabumi ingkang murakabi tumrap sasamining gesang ing bebrayan agung.

Winih Klapa

Kanggé murwakani anggènipun sami ‘among-tuwuh’ inggih lumantar nyekaraken Maskumambang lan Mijil. Maskumambang awatak nalangsa kêranta-ranta, mathuk kanggé mêdharakên rasa-pangrasaning para winih-wiji rikalanipun salebeting garba/pawinihan. Kasambêt Mijil ingkang sagêd nyipati wêdharing rasa, inggih wijiling winih-wiji ingkang sami tumuwuh.

 

Palapendhem Tela Gaplek

 

Tansah kaémut-émuta, bilih Ibu Bumi lan Bapa Angkasa sampun kêrsa maringi kawêruh, miyara, ngasuh, lan ngêmong sarwa-sarwi tumuwuh, sarta ngêmbani pagêsangan kula lan Panjênêngan sami lumantar winih-wiji tetuwuhan ingkang mahanani bêbrayan agung lêstari! Sayogyanipun adalem lan Panjênêngan sami ngaturakên panuwun, nyêsêlakên pangajab, saha kintun pamuji rahayu.

 

Among Tuwuh Sekar Maskumambang

Maskumambang pawinih ungguling wiji,
singgang piniyara,
cakal-bakal dêlêg uwit,
mila kodrating Panghéran.

Laksana emas dalam air, benih adalah biji unggul,
(yakni) bakal tumbuhan besar yang dipelihara (‘winih’),
(atau) cakal-bakal / mulabuka batang pohon,
maka itulah kodrat Tuhan Papan Bergantung Segala Sesuatu.

Kumambangan para winih jro garbini,
manêkung trak brata,
kèstrèn Dat Murwèng Dumadi,
nulya thukul para uma.

Mengalami suasana tak menentu benih-benih dalam perut (bumi),
(mereka) bersungguh-sungguh bersemadi bertapa,
disaksikan Dzat Pencipta Makhluk
kemudian tumbuhlah para biji.

Pawinihan papan lungid gawé urit,
wujud darmakisma,
wiji samya kalonggori,
kadhêdhêran rèh rêmbaka.

Pembibitan adalah papan lembut-rahasia membuat bibit,
wujudnya tanah utama,
(lantas) biji-biji dipilah-pilihi,
disemai (di sana) agar berkembang.

Kapiliha winih ingkang mêntês bêcik,
tikêl tuwuhira,
andadi wohira mêsthi,
tinêbaran têmtu gampang.

Pilihlah benih yang penuh-berisi dan baik,
(akan) berlipat-ganda tumbuhnya,
lebat buahnya pasti,
ditebar tentu lebih mudah.

Mangsa labuh pra tani anawur wiji,
karagénan jawah,
tanêm-tuwuh kamarmani,
wohé akèh angrêmbaka.

Masa tanam para tani menanam biji,
Terfermentasi oleh air hujan,
(jika) tanaman-tumbuhan diberi rasa kasih,
(maka) buahnya banyak berkembang.

Tancêb-tandur pangulahé kang prayogi,
manjingké lan téja,
kawantonan ranu iki,
bibit sêmi dadya arja.

Segala yang ditanam pengolahannya yang baik,
menyandingkan dengan sorot-cahaya (yang cukup),
dibasahi dengan air,
(maka) bibit akan semi menjadi asri.

Wêkasané pra uma nglêkasi nglilir,
thikil ingkang êpang,
umijil andanawarih,
titah kang amaratapa.

Akhirnya para biji mulai bangun (bersemi),
tumbuh batangnya,
(akan) mengeluarkan air kasih,
makhluk terpilih.

Amongtuwuh lir momor kawula-Gusti,
jiwangga lan suksma,
kêmpêlé èngêt lan lali,
kumpul napas lawan cahya.

Menumbuhkan itu ibarat menyatukan ciptaan dan Pencipta,
(manunggalnya) jiwa-raga dan suksma,
(yakni) utuhnya ingat dan lupa,
kumpulnya nafas (udara) dan cahaya.

Among Tuwuh Sekar Mijil

Wijil wiji saka garbanèki,
patuladhan ing wong,
amongtani angudi tuwuhé,
anggêgulang winih wanuh wani,
ngrêmbaka ing siti,
hayu kang tumuwuh.

Lahir biji dari kandungan tanah,
contoh bagi manusia,
amongtani mengupayakan pertumbuhannya,
melatih benih mengenali dan berani (di lingkungan tumbuhnya)
(maka akan) berkembang di tanah,
indah-lestari yang tumbuh.

Wus tumuwuh wiji anèng siti,
gya anêdhêng awoh,
sêl-dhêsêlan saking kèh uwohé,
mêntês-mêntês kêbak déning isi,
ayo samya ndadi,
sabisa-bisamu.

Sudah meraksasa pohon mengasuh kali,
berbagai jenis kekayuan,
tak pernah berhenti melahirkan warih (air suci),
menggebu keluar memenuhi kali,
mari mempersembahkan bakti,
Sebisamu.

Amongtani asah asuh asih,
bêciké mangkono,
ngasah cukat rigên lan prigêlé,
asih marang kabèh tancêb bumi,
sarta mong-êmongi,
têkèng wiji wangsul.

Amongtani (memiliki) asah asuh asih,
sebaiknya begitu,
mengasah ketrampilannya,
mengasihi semua yang (telah) ditanam di bumi,
serta mengasuhnya,
hingga mereka (para biji) pulang (panen).

Sarwapala kang ginêdhong ing sih,
datan nêmu anglong,
palawija pan ndhaup sémahé,
sêdyané mung nurunaké wiji,
mijil palabumi,
wong nênandur ngundhuh. 

Berbagai jenis biji yang dibalut kasih,
tak akan kurus-kering,
palawija telah mengawini pasangannya,
kehendaknya hanya menurunkan biji (keturunan),
lahir buah-buahan/biji-bijian bumi,
orang yang menanamnya akan memanennya.

Bibit uwit kang dèn-têtanduri,
subur datan anglong,
santipuja ngrêmbuyung ron-roné,
yod-oyodan ngêmong banyunèki,
lampahé lêstari,
nêngsêmaké kalbu.

Bibit pohon yang ditanami,
subur tak kurus-kering,
semoga rimbun dedaunnya,
akar-akaran mengasuh airnya,
jalan-hidupnya lestari,
membahagiakan hati.

Rinêksanên sumur umbul warih,
aywa katon bolot,
sipat janma mindha banyu wosé,
sabên wayah swawi ngrêrêsiki,
nglêluri amêrti,
banyukarti iku.

Jagalah sumber-sumber air,
jangan terlihat kotor,
(karena) sifat manusia serupa air intinya,
saban waktu mari membersihkan,
melestarikan-menghidupkan,
sumber ilmu pengetahuan kita itu.

Mikantuka nugrahaning Widhi,
pasabinan êloh,
tirtamarta manggalya makmuré,
kulawangsa apanggih basuki,
wiyosan mong dhiri,
astungkara gunggung.

Semoga memeroleh anugerah Tuhan,
sawah-tegalan subur,
(dan) air kehidupan melambangkan kemakmuran,
semua anggota keluarga menemui keselamatan,
(sebagai) hasil (para anggota keluarga) mengasuh diri,
(ini) doa-puji (kami).

 

Rah-hayu!


dening: Parinem

Parinem

Seorang yang menyukai kebudayaan tani namun tak bisa melakoni.

 

Parinem
Seorang yang menyukai kebudayaan tani namun tak bisa melakoni.

Comments

No comments yet. Why don’t you start the discussion?

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *